Minggu, 22 Desember 2013

Surya Yudha Sport Center Ing Dina Liburan Rame Wisatawan






Minggu, 30 September 2013, mapan wonten ing Surya Yudha Sport Center papan menika ketingal rame sanget.  Inggih kathah lare-lare ingkang sami liburan wonten mriku. Lare-lare kathah ingkang nyengkuyung wonten papan wisata menika inggih amargi wonten ing papan menika kathah wisata mboten namung wisata banyu kemawon, ananging wonten ing salebeting Surya Yudha Sport Center  wonten papan kangge olahraga inggih Futsal, Volley Indoor, Volley Ourdoor, Tennis, Tenis Meja, Badminton, Billyard, Golf. Lajeng menawi Wark Parkipun wonten Water Boom, Kolam Tsunami, Kolam Arus, Terapi Ikan, Arum Jeram, Outbound, Flying Fox, Amazing Land. Menika ingkang ndadosaken papan menika sansaya rame saben dintenipun menawi liburan lare-lare.
Papan wisata “Surya Yudha Sport Center” menika mapan wonten ing Jalan Rejasa-Banjarnegara, utawi ingkang wonten ing iring kidulipun Pusat Bank Surya Yudha Banjarnegara. Regi mlebetipun wonten Water Park menika menawi dinten biasa namung Rp. 12.000,00 saben tiyang. Dene wulan lebaran kepengker menika reginipun karcis ingkang biasanipun namung Rp.12.000,00 saben tiyang  sakmenika lebaran dados Rp.30.000,00 saben tiyang. Kepara malah H + 1 lebaran lan H + 2 lebaran kepengker menika regi karcis mindhak dados Rp.50.000,00. Nanging awisipun regi tiket menika mboten dadosaken sepi papan wisata menika, malah sansaya rame kaliya wisatawan.

Dening: Vika Oktaviani (11205244035), PBD Kelas G 2011.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar