Selasa, 24 Desember 2013

STRAIGHT NEWS


DOLANAN SAHAM, KAPUSAN

Magelang, Rebu 25 September 2013_ Susana Riningsih salah satunggaling tiyang ingkang dados korban penipuan penanaman saham. Susana sampun kapusan arta ingkang gunggungipun 200 yuta, lajeng sapunika nglaporaken perkawis punika dhateng Kapolres Srumbung.  Rencananipun dinten Kamis surya 25 September 2013, Kapolres Srumbung badhe nggledhah kantor JIC wonten ing Desa Pandean, Srumbung.

Polisi Kapolres Srumbung nyepeng tiyang ingkang kerja wonten ing kantor JIC, antawisipun Aan Khunaifi (ketua), Yusuf malik (wakilipun), saha Adam Haryono (bendaharanipun). Tiyang tiga wau dipun sandhang wonten ing Kapolres Srumbung, lajeng dipun priksa perkawisipun. Polisi ugi nimbali tigang tiyang kagem saksi, inggih punika Retno Sulistyowati, Supratana, saha Ginanjar. Saksi punika saking sadherekipun korban.

Wonten ing perkawis punika, boten namung Susana Riningsih ingkang dados korban, ananging kathah tiyang ingkang dipun apusi dening Aan Khunaifi. Gunggungipun arta ingkang dipun asta Aan kirang langkung wonten sedasa milyar rupiyah, arta punika kagunganipun 500 tiyang. Sadherengipun Aan dipun cepeng, piyambakipun mlayu dhateng Kutha Palembang.

“Awalipun kula dipun iming-imingi ndherek nanem saham JIC  amargi bunganipun ageng 6 persen. Kula nabung arta satus yuta, saben wulanipun saged mundhut bunga 6.000.000 rupiyah, menika langkung kathah tinimbang gaji kula saben wulan” miturut Susana Riningsih minangka korban saham JIC.



Dening : Laili Kurnia 'Ainur Rahmah
NIM : 11205244028

Tidak ada komentar:

Posting Komentar