Senin, 18 November 2013

Bali Classic Center Nyuguhaken Warisan Budaya Masarakat Bali




Bali Classic Center papanipun inggih wonten ing kawasan Universitas Udayana, Gianyar. Pembangunan Bali Classic Center ingkang dipun rintis wiwit taun 2001, sampun labet dipun uji cobi  wiwit Maret 2005, ananging dipun bikak kangge resmi menika 23 Juli 2005. Bali Classic Center menika jembaripun inggih gangsal hektar. Papan menika sampun dados taman budaya kangge mbiyantu pemerintah Bali nepangaken saha promosi budaya Bali kangge tiyang Indonesia, dunia, saha masarakat Bali piyambak. Menawi badhe ngunjungi papan menika namung nempuh dalan 45 menit saking Denpasar.
Bali Classic Center  menika maringi gambaran kauripan saha kabudayan sabenditenipun masarakat bali. Wonten mriko dipun suguhaken cara ndamelipun utawi ngrangkai janur (banten), cara saha nyobi anggenipun damel sesajen, ngracik bumbu-bumbu masakan Bali, ugi saged ningali cara anggenipun numbuk padi ngagem alat tradisional “lesung” saha cara anggenipun damel minyak klapa Bali, cara anggenipun damel ogoh-ogoh. Bali Classic Center  inggih wonten mawerni-werni jinis tarian bali ingkang saged dipun pirsani, inggih menika tari topeng, tari barong, joged bumbung, foto kaliyan barongan ugi saged.


Wonten ing nginggil menika inggih foto barongan, ogoh-ogoh, gamelan, lajeng foto tiyang ingkang saweg marut inggih badhe damel lenga saking klapa Bali, wonten tiyang ingkang saweg ngrangkai janur inggih ingkang dipunsebat banten, lajeng ingkang pungkasan inggih tiyang numbuk pari kanthi tradisional ngangge pranti “Lesung” ingkang dipun tumbuki “Luwu” saha proses numbuk pari menika wonten ing Bali sakmenika sampun mboten wonten, amarga sampun ngginakaken teknologi nyosoh beras.
Dados papan wisata Bali Classic Center menika saged dados papan wisata  ingkang nyediakaken warisan seni budaya, inggih ngandhut tradisi kauripan masarakat ingkang sakmenika sampun dipun tinggalaken. Lajeng sedaya kauripan tradisional masarakat Bali badhe dipun peragakaken saben dintenipun wonten ing Bali Classic Center, inggih kados maneka warna jinis kesenian.

Dening: Vika Oktaviani (11205244035), PBD Kelas G 2011.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar