Senin, 23 Desember 2013



Idul Adha Sampun Caket, Rega Sapi Nglonjak Langkung Awis


Wekdal Idul Adha sampun caket, kirang langkung 2 minggu malih pramila regi sapi menika nglonjak langkung awis, wonten ing Kabupaten wonogiri Kecamatan Jatisrono regi sapi sampun nglonjak awis, reginipun mundhak 2 juta saking sakderenge. Sakmenika kadadosan amargi kebutuhan pasar langkung kathah ananging sapi menika winates, miturut ingkang sadean sakmenika regi sapi saged langkung mundhak ngantos samangke dumugi tanggal Hari Raya Idul Adha.
Pramila saking Dinas Pertanian Perikanan dan Kelautan Wonogiri, ugi sampun paring kathah himbauan dhumateng masyarakat sedaya, inggih menika ngemutaken bilih masyarakat sakmenika kedah langkung teliti menawi mundhut kewan kangge kurban samangke, amargi kathah ingkang sadean kangge cara-cara licik kadasta kewan suntikan ugi saged kewan ingkang sakit utawi boten sehat.
Ananging amargi kathah wacana ingkang saged dadosaken masyarakat kwatir, saking pihak Dinas Wonogiri sakmenika badhe ngawontenaken pengawasan wonten ing saben pasar hewan, dados samangke wonten tim pengawas ing saben daerah, tim sakmenika badhe meriksa kesehatan kewan ingkang badhe punsade, saengga kewan ingkang samangke badhe punsade saged dipunwastani sehat lan halal.
Dening: Dhenok Woro Hapsari (11205244047), PBD Kelas G 2011.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar