Senin, 23 Desember 2013



Sapi Gelonggongan Nyebar ing Masyarakat


               Sampun dados kwajibanipun umat islam sakmenika nindakaken hari raya Idul Adha, ingkang mampu wajib nyumbangaken kewan kangge dikurbanke, ingkang mboten mampu inggih mboten diwajibke, ananging ugi kedah nindakaken sholad Idul Adha. Pramila saged dipunwastani menawi dumugi hari raya Idul Adha sakmenika saged dipunsebat dina pembantaian hewan wonten ing alam donya.
           Idul Adha sampun caket, kirang langkung 2 minggu malih sampun dumugi harai H Pramila wonten ing wekdal sakmenika sakderenge hari H kathah tiyang ingkang betahaken sapi ingkang badhe dipunkurbanaken, kathah ingkang sade ugi kathah ingkang betahaken, ananging ing tahun sakmenika kahanan pasar miris sanget, reginipun awis sanget ananging kehalalan kewan kurban sakmenika ugi boten saged dijamin, kathah tiyang ingkang sade sakmenika ngangge cara-cara licik lan saged dipunwastani haram amargi saged njlomprongaken tiyang sanes.
           Wonten ing pasar kewan Jatisrono wonogiri sakmenika kathah ingkang sadean kewan boten sehat, dados ing wekdal-wekdal tartamtu antawis H-15 dinten sakmenika wonten petugas saking dinas sakmenika ngawasi ugi mriksa sedaya kewan ingkang dipunsade supados saged dijamin halal ugi sehat, kasunyatanipun kathah ingkang konangan sadean sapi boten sehat dados sampun sakit lan boten layak dipunsade, kajawi sakmenika kathah sapi-sapi ingkang kabukti digelonggong supados langkung gedhe utawi seger dipuntingali.
           Kathah masyarakat ingkang kapusan mundhut sapi menawi boten teliti, sapi gelonggongan sakmenika anggadahi tanda-tandanipun antawisipun sapi gelonggongan sakmenika dipuntingali saking fisik menika rata-rata ageng nanging katon lemes boten sehat, ugi kathah medalaken kotoran, pramila masyarakat menika kedah ati-ati sanget menawi badhe mundhut kewan kurban.
            Arta sakmenika saged dadosaken tiyang menika khilaf, supados pajeng langkung kathah ugi pikantuk keuntungan ingkang kathah sakmenika tiyang lilo pados cara-cara ingkang ala utawi boten sae, boten mikir kesehatanipun tiyang kathah. Wonten ing pemriksaan ingkang sapisan sakmenika kathah ingkang kabukti sade sapi ingkang boten sehat.
Dening: Dhenok Woro Hapsari (11205244047), PBD Kelas G 2011
















Tidak ada komentar:

Posting Komentar