Selasa, 24 Desember 2013

NEWS FEATURE

APUS-APUS INVESTASI SAHAM
Saham JIC, A’an

          Penipuan kedok investasi saham JIC Magelang, pikantuk perhatian khusus Direktorat Reserse Kriminal Khusus Polda Magelang. Sanajan mboten migunakaken modus enggal, ananging tidak pidana penipuan kedok investasi ingkang ngiming-ngiming untung tikel menika kagolong sukses ngapusi masyarakat Magelang. Amargi total investasi saking nasabah ingkang mlebet wonten rekening PY JIC menika menawi dipun jumlahaken saged pikantuk sedasa milyar rupiyah.

          Jumlah menika kalebet sanget dhuwur kangge wilayah sekelas Magelang, kathah masyarakat ketarik kaliyan janji-janji ingkang dipun sukani kaliyan perusahaan menika. Hal menika ingkang perlu dipun gatosaken.

          PT JIC Magelang menika cabang saking PT JIC ingkang wonten ing Jakarta, ingkang dipun pimpin kaliyan Aa’n (38). Perusahaan menika kagolong enggal wonten ing magelang, alias yuswanipun anem, inggih menika dipun bangun Desember 2012, ananging saget nyedot perhatian kathah tiyang saengga saged ngempalaken 500 nasabah.

          Modus ingkang dipun ginakaken kaliyan PT JIC kangge nggaet nasabah inggih menika ngiming-ngimingi keuntungan utawi profit 6 persen saking total investasi ingkang dipun percayakaken dening PT JIC. Nasabah saged angsal 6 persen keuntungan saben sasi seumur investasi inggih menika 18 wulan.

          Nanging, wonten ing saklampahipun A’an mboten saged maringi keuntungan. Janji 6 persen keuntungan saking transaksi menika mboten saged dipun realisasi saengga ndadosi pitakenan kagem nasabah ingkag sampun maringi kepercayaan arta kangge dipun bisnisaken.

          Awit saking menika, dinten Senin, 23 September 2013 salah satunggaling nasabah PT JIC Magelang nglaporaken perusahaan menika amargi dipun duga nggelapaken arta wates 200 yuta rupiyah. Ditreskrimnuas Polda Magelang langsung nindhakaken penelusuran kaliyan laporan menika, lan madosi tersangka utama A’an ingkang mlayu wonten Palembang.

          Penyelidikan dipun terasaken, polisi ugi pikantuk informasi bilih PT JIC pusat ingkang wonten ing Jakarta mboten nggadhahi ijin saking Badan Pengawasan Perdagangan Berjangka Komoditi (Bappebti). Menika unit ingkang sangandhapipun Kementrian Perdagangan ingkang pikantuk tugas nglaksanakaken pembinaan, pengaturan, lan pengawasan kegiatan perdagangan berjangka kaliyan pasar fisik lan jasa.

          Perusahaan sanes kenging imbasipun saking kasus menika. Pihakipun, minangka perusahaan ingkang legal lan gerak wonten bidang ingkang sami, purun mboten purun kedah usaha kangge maringi edukasi kagem nasabah soal perkawis menika. Perusahaan menika dhasaripun bisnis perdagangan berjangka inggih menika murni bisnis. Perusahaan mboten saged njanjekaken keuntungan ageng, amargi fungsi perusahaan namung maringi edukasi kaliyan nasabah wonten ing proses transaksi dipun laksanakaken.


A’an Kuntowijaya

          Menika profile saking A’an, tukang apus-apus bursa saham. Tiyang menika saged ngapusi atusan masyarakat Magelang wekdal A’an janjikaken bunga saham perusahaan JIC. Miturut A’an perusahaan JIC menika sampun diakuisisi kaliyan Investor ingkang asalipun saking Jepang, ugi sampun nggadhahi ijin saking Bappebti.

          A’an dipun cidhuk kaliyan polisi ing wekdal A’an mlayu saking Magelang dhateng Palembang. A’an Kuntowijaya inggih menika mantan wiraswasta ingkang gadhah warung kelontong wonten ing daerah Srumbung Kabupaten Magelang. Saben dintenipun A’an nyambut damel wonten ing toko alit ingkang piyambakipun bangun wonten ing ngajeng griyanipun. Ananging awit saking A’an menika nderek bisnis saham wonten JIC menika warung klontong kagunganipun A’an mboten nate dipun bikak malih.
         
          A’an Kuntowijaya menika sampun gadhah estri kaliyan 1 lare ingkang umur lare saking A’an menika tasih 3sasi. Ananging tangga tepalihipun Aan menika dumugi sakmenika dereng mangertos wonten pundi keluarganipun A’an menika. Miturut keluarga saking A’an ingkang sanes anak kaliyan estrinipun A’an sakmenika wonten griyanipun tiyang sepuh A’an wonten ing dhaerah Denpasar Bali.

          A’an menika kadhapuk ketua wonten ing perusahaan bursa saham JIC ingkang wonten ing dhaerah Magelang. Awit saking penelusuran griyanipun A’an sakmenika tikel tiga luwih ageng tinimbang sakderengipun. Sanesipun griya A’an ugi gadhah mobil mewah ingkang gunggungipun 3 iji mobil. A’an sakmenika ugi koleksi motor-motor gedhe ingkang sakmenika dipun pajang wonten ngajeng griyanipun.

Korban Sampun Curiga

          Heri Priyatno, salah satunggaling calon korban menika ngaku bilih piyambakipun sampun curiga kaliyan A’an Kuntowijaya. Amargi saben Heri tangklet perkawis perijinan perusahaan menika A’an Kuntowijaya minangka tersangka wonten ing kasus menika, mboten nate saged njawab kanthi teges. Lan ing wekdal A’an dipun tangkleti babagan bursa saham luar negri A’an ragi suwi mikiripun. Menika sebab ingkang ndadosaken Heri Priyatno curiga saking wiwit perusahaan menika bikak cabang wonten ing Magelang.
           
          A’an Kuntowijaya gadhah trik khusus kagem ngiming-ngimingi korbanipun. Griyanipun korban kaliyan A’an menika dipun dhatengi setunggal-setunggal. Saterusipun A’an menika sampun mbeta kertas lan buku kangge ngandharaken kepripun caranipun transaksi wonten ing bursa saham menika.

          Korban A’an kathah-kathahipun menika malah saking pegawai-pegawai kantoran, kaliyan sepalih punjul menika saking pegawai negeri sipil. Kathah saking korban menika ngendika bilih gaji utawi upah saking nyambut damel minangka dados pegawai menika luwih alit tinimbang bunga persenan saben wulan saking bursa saham menika.

            Awit mekaten korban-korban kalawau sampun investasi utawi setor kaliyan A’an minimal 50 yuta, malah wonten ingkang sampun ngedol griya lan barang-barangipun kangge dipun lebetaken wonten ing perusahaan bursa saham menika.


Dening : Laili Kurnia 'Ainur Rahmah
NIM : 11205244028

Tidak ada komentar:

Posting Komentar