News
Feature
Tiyang Padha Plesiran Amarga Abrasi
Amarga abrasi segara kidul
tiyang kathah ingkang padha plesiran. Para plesiran pada pengin ningali segara
kidul sawise wonten abrasi amarga ombak gedhe ingkang kadadeyan. Ingkang padha
plesiran menika saya kathah katimbang saderenge abrasi.
Ombak ageng wonten ing segara kidul
dadekaken abrasi wonten ing Depok. Amargi abrasi ing segara kidul menika kathah
bangunan ingkang risak saha boten saged diagem malih. Bangunan ingkang
sakpinggiring segara menika kedhah diicali amarga saged nyilakani. Kathah
tiyang ingkang bakul kelangan papan panggonan kangge bebakulan.
Tiyang nelayan ingkang wonten ing Depok
menika boten saged pados iwak segara malih amarga ombak ageng ingkang wonten
ing segara kidul. Pasar iwak ingkang wonten ing Depok menika pada risak, lajeng
boten saged diangge sedaya. Bagunan-bangunan ing sakpinggiring segara kathah
ingkang kegeros ombak lajeng boten saged diangge malih. Bangunan menika kedhah
dipunbongkar amargi nyemelangi yen boten dipunbongkar.
Kathah tiyang ingkang plesiran
wonten ing depok menika. Saderengipun wonten abrasi para plesiran wonten mrika
padha ningali srengenge njedul lan srengenge ingkang ilang. Ananging sawise
abrasi menika lajeng para plesiran menika padha ningali abrasi ing segara
menika.
Ombak ageng nyapu segara ing sisih kidul
lajeng para warga padha kelangan papan panggenanipun. Kadadeyan menika
dadekaken segara ing sisih kidul kinging abrasi. Amarga abrasi wonten ing
segara kidul kathah bangunan padha risak. Supados aman, bagunan ingkang
risakipun sanget menika dipun singkirake.
Merga abrasi menika, ingkang pasar iwak
kedhah dipunngilenaken amerga papan panggonan menika boten saged dianggem
dagang malih. Dadose papan ingkang risak menika dipunbongkar supados boten
nyilakani dene tiyang ingkang plesiran ingkang wonten segara Depok menika.
dening Indriyani Safitri
nim 11205244060
Tidak ada komentar:
Posting Komentar