Selasa, 24 Desember 2013

FEATURE


Desa Trunyan

Desa Trunyan inggih menika salah satunggaling desa kuna ingkang wonten ing sapinggiripun danau Batur, Kintamani, Kabupaten Bangli. Desa menika awujud desa Bali Aga, Bali Mula. Bali Aga, inggih menika Bali pegunungan, menawi Bali Mula inggih menika Bali asli. Kauripan wonten ing Bali Aga kaliyan Bali Mula menika unik ugi menarik. Kabudayan tiyang-tiyang ing desa Trunyan menika sageda dados cermin pola kabudayan pertanian.
Tiyang-tiyang utawi masyarakat Trunyan ngenalaken jati diri piyambakipun wonten ing kalih versi. Versi ingkang sepisan inggih menika tiyang Trunyan menika tiyang Bali Turunan, amargi tiyang menika percaya menawi leluhur saking tiyang Trunyan menika medhak saking langit wonten ing bumi Trunyan. Awit saking menika tiyang Trunyan nggadhahi mite utawi dongeng suci babagan asal-usul masyarakat Trunyan menika awujud Dewi saking langit.
Versi ingkang kaping kalih inggih menika, tiyang Trunyan gesang wonten ing sistem ekologi awit saking wotenipun wit Taru Menyan, inggih menika wit ingkang nyebaraken ganda ingkang arum. Saking perpaduan tembung “taru” kaliyan “menyang dipun kembangaken dados tembung Trunyan ingkang sakmenika dipun gunakaken kagem nama desa kaliyan wonten ugi dipun ginakaken dados nama tiyang ing desa kasebat.
Desa Trunyan menika mapan wonten ing sakwetanipun danau Batur, desa menika terpencil. Dalan ingkang darat saking Penelokan, Kintamani namung saged dugi desa Kedisan. Saking desa Kedisan dumugi desa Trunyan masyarakat kedah nyebrang danau Batur kirang langkung 45 menit migunakaken prau motor utawi 2 jam migunakaken prau lesung ingkang ngagem dayung. Saliyanipun dalan toya, Trunyan ugi saged dipun lampahi nglewati darat, menika saged migunakaken dalan nglewati desa Buahan kaliyan Abang.
Cuaca desa Trunyan sejuk sanget, suhunipun piyambak 17 derajat Celcius lan ugi saged mandhap dumugi 12 derajat Celcius. Danau Batur ingkang ukuranipun 9x5 km menika salah satunggaling sumber toya lan sumber kauripan agraris masyarakat Bali Selatan kaliyan masyarakat Bali Timur.
Ingkang wonten gegayutanipun kaliyan kepercayaan tiyang Trunyan babagan penyakit kaliyan kematian, wonten cara khusus pemakaman masyarakat Trunyan, inggih menika :
1.    Jenazah dipun paringke wonten ig sak nginggilipun lemah lan sangandhapipun hawa ingkang kebuka ingkang dipun sebat kaliyan istilah mepasah. Masyarakat ingkang dipun makamaken migunakaken cara mepasah inggih menika tiyang-tiyang ingkang wonten ing wekdal tilar donyanipun taksih bujang kaliyan bocah alit ingkang gigi susunipun sampun tugel.
2.    Dipunkubur. Masyarakat ingkang dipun makamaken saklebarioun tilar donya inggih menika tiyang ingkang cacat badanipun, utawi wonten ing wekdal tilar donya nggadhahi sakit “luka” ingkang dereng mantun kadosta wonten ing badan penderita cacar, lepra, lan sakpanunggalanipun. Masyarakat ingkang tilar donya mboten wajar kadosta dipun pateni lan bunuh diri ugi dipun kubur. Sakmonten ugi bocah alit ingkang gigi susunipun dereng ical ugi dipun kubur wekdal tilar donya.

Kagem sakprelunipun pemakaman, desa Trunyan nggadhahi 3 kuburan inggih menika :
1.    Sema wayah dipun ginakaken kagem pemakaman jenis mepasah.
2.    Sema bants, dipun ginakaken kagem penguburan.
3.    Sema nguda, dipunginakaken kagem kekalihipun jenis pemakaman inggih menika mepasah kaliyan penguburan ingkang nggadhahi syarat masyarakat ingkang dipun kubur dereng ngancik akhir baligh/dereng dewasa.


Dening : Laili Kurnia 'Ainur Rahmah
NIM : 11205244028
PBD G 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar