Selasa, 24 Desember 2013

FEATURE


Desa Trunyan

Desa Trunyan inggih menika salah satunggaling desa kuna ingkang wonten ing sapinggiripun danau Batur, Kintamani, Kabupaten Bangli. Desa menika awujud desa Bali Aga, Bali Mula. Bali Aga, inggih menika Bali pegunungan, menawi Bali Mula inggih menika Bali asli. Kauripan wonten ing Bali Aga kaliyan Bali Mula menika unik ugi menarik. Kabudayan tiyang-tiyang ing desa Trunyan menika sageda dados cermin pola kabudayan pertanian.
Tiyang-tiyang utawi masyarakat Trunyan ngenalaken jati diri piyambakipun wonten ing kalih versi. Versi ingkang sepisan inggih menika tiyang Trunyan menika tiyang Bali Turunan, amargi tiyang menika percaya menawi leluhur saking tiyang Trunyan menika medhak saking langit wonten ing bumi Trunyan. Awit saking menika tiyang Trunyan nggadhahi mite utawi dongeng suci babagan asal-usul masyarakat Trunyan menika awujud Dewi saking langit.
Versi ingkang kaping kalih inggih menika, tiyang Trunyan gesang wonten ing sistem ekologi awit saking wotenipun wit Taru Menyan, inggih menika wit ingkang nyebaraken ganda ingkang arum. Saking perpaduan tembung “taru” kaliyan “menyang dipun kembangaken dados tembung Trunyan ingkang sakmenika dipun gunakaken kagem nama desa kaliyan wonten ugi dipun ginakaken dados nama tiyang ing desa kasebat.
Desa Trunyan menika mapan wonten ing sakwetanipun danau Batur, desa menika terpencil. Dalan ingkang darat saking Penelokan, Kintamani namung saged dugi desa Kedisan. Saking desa Kedisan dumugi desa Trunyan masyarakat kedah nyebrang danau Batur kirang langkung 45 menit migunakaken prau motor utawi 2 jam migunakaken prau lesung ingkang ngagem dayung. Saliyanipun dalan toya, Trunyan ugi saged dipun lampahi nglewati darat, menika saged migunakaken dalan nglewati desa Buahan kaliyan Abang.
Cuaca desa Trunyan sejuk sanget, suhunipun piyambak 17 derajat Celcius lan ugi saged mandhap dumugi 12 derajat Celcius. Danau Batur ingkang ukuranipun 9x5 km menika salah satunggaling sumber toya lan sumber kauripan agraris masyarakat Bali Selatan kaliyan masyarakat Bali Timur.
Ingkang wonten gegayutanipun kaliyan kepercayaan tiyang Trunyan babagan penyakit kaliyan kematian, wonten cara khusus pemakaman masyarakat Trunyan, inggih menika :
1.    Jenazah dipun paringke wonten ig sak nginggilipun lemah lan sangandhapipun hawa ingkang kebuka ingkang dipun sebat kaliyan istilah mepasah. Masyarakat ingkang dipun makamaken migunakaken cara mepasah inggih menika tiyang-tiyang ingkang wonten ing wekdal tilar donyanipun taksih bujang kaliyan bocah alit ingkang gigi susunipun sampun tugel.
2.    Dipunkubur. Masyarakat ingkang dipun makamaken saklebarioun tilar donya inggih menika tiyang ingkang cacat badanipun, utawi wonten ing wekdal tilar donya nggadhahi sakit “luka” ingkang dereng mantun kadosta wonten ing badan penderita cacar, lepra, lan sakpanunggalanipun. Masyarakat ingkang tilar donya mboten wajar kadosta dipun pateni lan bunuh diri ugi dipun kubur. Sakmonten ugi bocah alit ingkang gigi susunipun dereng ical ugi dipun kubur wekdal tilar donya.

Kagem sakprelunipun pemakaman, desa Trunyan nggadhahi 3 kuburan inggih menika :
1.    Sema wayah dipun ginakaken kagem pemakaman jenis mepasah.
2.    Sema bants, dipun ginakaken kagem penguburan.
3.    Sema nguda, dipunginakaken kagem kekalihipun jenis pemakaman inggih menika mepasah kaliyan penguburan ingkang nggadhahi syarat masyarakat ingkang dipun kubur dereng ngancik akhir baligh/dereng dewasa.


Dening : Laili Kurnia 'Ainur Rahmah
NIM : 11205244028
PBD G 2011

NEWS FEATURE

APUS-APUS INVESTASI SAHAM
Saham JIC, A’an

          Penipuan kedok investasi saham JIC Magelang, pikantuk perhatian khusus Direktorat Reserse Kriminal Khusus Polda Magelang. Sanajan mboten migunakaken modus enggal, ananging tidak pidana penipuan kedok investasi ingkang ngiming-ngiming untung tikel menika kagolong sukses ngapusi masyarakat Magelang. Amargi total investasi saking nasabah ingkang mlebet wonten rekening PY JIC menika menawi dipun jumlahaken saged pikantuk sedasa milyar rupiyah.

          Jumlah menika kalebet sanget dhuwur kangge wilayah sekelas Magelang, kathah masyarakat ketarik kaliyan janji-janji ingkang dipun sukani kaliyan perusahaan menika. Hal menika ingkang perlu dipun gatosaken.

          PT JIC Magelang menika cabang saking PT JIC ingkang wonten ing Jakarta, ingkang dipun pimpin kaliyan Aa’n (38). Perusahaan menika kagolong enggal wonten ing magelang, alias yuswanipun anem, inggih menika dipun bangun Desember 2012, ananging saget nyedot perhatian kathah tiyang saengga saged ngempalaken 500 nasabah.

          Modus ingkang dipun ginakaken kaliyan PT JIC kangge nggaet nasabah inggih menika ngiming-ngimingi keuntungan utawi profit 6 persen saking total investasi ingkang dipun percayakaken dening PT JIC. Nasabah saged angsal 6 persen keuntungan saben sasi seumur investasi inggih menika 18 wulan.

          Nanging, wonten ing saklampahipun A’an mboten saged maringi keuntungan. Janji 6 persen keuntungan saking transaksi menika mboten saged dipun realisasi saengga ndadosi pitakenan kagem nasabah ingkag sampun maringi kepercayaan arta kangge dipun bisnisaken.

          Awit saking menika, dinten Senin, 23 September 2013 salah satunggaling nasabah PT JIC Magelang nglaporaken perusahaan menika amargi dipun duga nggelapaken arta wates 200 yuta rupiyah. Ditreskrimnuas Polda Magelang langsung nindhakaken penelusuran kaliyan laporan menika, lan madosi tersangka utama A’an ingkang mlayu wonten Palembang.

          Penyelidikan dipun terasaken, polisi ugi pikantuk informasi bilih PT JIC pusat ingkang wonten ing Jakarta mboten nggadhahi ijin saking Badan Pengawasan Perdagangan Berjangka Komoditi (Bappebti). Menika unit ingkang sangandhapipun Kementrian Perdagangan ingkang pikantuk tugas nglaksanakaken pembinaan, pengaturan, lan pengawasan kegiatan perdagangan berjangka kaliyan pasar fisik lan jasa.

          Perusahaan sanes kenging imbasipun saking kasus menika. Pihakipun, minangka perusahaan ingkang legal lan gerak wonten bidang ingkang sami, purun mboten purun kedah usaha kangge maringi edukasi kagem nasabah soal perkawis menika. Perusahaan menika dhasaripun bisnis perdagangan berjangka inggih menika murni bisnis. Perusahaan mboten saged njanjekaken keuntungan ageng, amargi fungsi perusahaan namung maringi edukasi kaliyan nasabah wonten ing proses transaksi dipun laksanakaken.


A’an Kuntowijaya

          Menika profile saking A’an, tukang apus-apus bursa saham. Tiyang menika saged ngapusi atusan masyarakat Magelang wekdal A’an janjikaken bunga saham perusahaan JIC. Miturut A’an perusahaan JIC menika sampun diakuisisi kaliyan Investor ingkang asalipun saking Jepang, ugi sampun nggadhahi ijin saking Bappebti.

          A’an dipun cidhuk kaliyan polisi ing wekdal A’an mlayu saking Magelang dhateng Palembang. A’an Kuntowijaya inggih menika mantan wiraswasta ingkang gadhah warung kelontong wonten ing daerah Srumbung Kabupaten Magelang. Saben dintenipun A’an nyambut damel wonten ing toko alit ingkang piyambakipun bangun wonten ing ngajeng griyanipun. Ananging awit saking A’an menika nderek bisnis saham wonten JIC menika warung klontong kagunganipun A’an mboten nate dipun bikak malih.
         
          A’an Kuntowijaya menika sampun gadhah estri kaliyan 1 lare ingkang umur lare saking A’an menika tasih 3sasi. Ananging tangga tepalihipun Aan menika dumugi sakmenika dereng mangertos wonten pundi keluarganipun A’an menika. Miturut keluarga saking A’an ingkang sanes anak kaliyan estrinipun A’an sakmenika wonten griyanipun tiyang sepuh A’an wonten ing dhaerah Denpasar Bali.

          A’an menika kadhapuk ketua wonten ing perusahaan bursa saham JIC ingkang wonten ing dhaerah Magelang. Awit saking penelusuran griyanipun A’an sakmenika tikel tiga luwih ageng tinimbang sakderengipun. Sanesipun griya A’an ugi gadhah mobil mewah ingkang gunggungipun 3 iji mobil. A’an sakmenika ugi koleksi motor-motor gedhe ingkang sakmenika dipun pajang wonten ngajeng griyanipun.

Korban Sampun Curiga

          Heri Priyatno, salah satunggaling calon korban menika ngaku bilih piyambakipun sampun curiga kaliyan A’an Kuntowijaya. Amargi saben Heri tangklet perkawis perijinan perusahaan menika A’an Kuntowijaya minangka tersangka wonten ing kasus menika, mboten nate saged njawab kanthi teges. Lan ing wekdal A’an dipun tangkleti babagan bursa saham luar negri A’an ragi suwi mikiripun. Menika sebab ingkang ndadosaken Heri Priyatno curiga saking wiwit perusahaan menika bikak cabang wonten ing Magelang.
           
          A’an Kuntowijaya gadhah trik khusus kagem ngiming-ngimingi korbanipun. Griyanipun korban kaliyan A’an menika dipun dhatengi setunggal-setunggal. Saterusipun A’an menika sampun mbeta kertas lan buku kangge ngandharaken kepripun caranipun transaksi wonten ing bursa saham menika.

          Korban A’an kathah-kathahipun menika malah saking pegawai-pegawai kantoran, kaliyan sepalih punjul menika saking pegawai negeri sipil. Kathah saking korban menika ngendika bilih gaji utawi upah saking nyambut damel minangka dados pegawai menika luwih alit tinimbang bunga persenan saben wulan saking bursa saham menika.

            Awit mekaten korban-korban kalawau sampun investasi utawi setor kaliyan A’an minimal 50 yuta, malah wonten ingkang sampun ngedol griya lan barang-barangipun kangge dipun lebetaken wonten ing perusahaan bursa saham menika.


Dening : Laili Kurnia 'Ainur Rahmah
NIM : 11205244028

STRAIGHT NEWS


DOLANAN SAHAM, KAPUSAN

Magelang, Rebu 25 September 2013_ Susana Riningsih salah satunggaling tiyang ingkang dados korban penipuan penanaman saham. Susana sampun kapusan arta ingkang gunggungipun 200 yuta, lajeng sapunika nglaporaken perkawis punika dhateng Kapolres Srumbung.  Rencananipun dinten Kamis surya 25 September 2013, Kapolres Srumbung badhe nggledhah kantor JIC wonten ing Desa Pandean, Srumbung.

Polisi Kapolres Srumbung nyepeng tiyang ingkang kerja wonten ing kantor JIC, antawisipun Aan Khunaifi (ketua), Yusuf malik (wakilipun), saha Adam Haryono (bendaharanipun). Tiyang tiga wau dipun sandhang wonten ing Kapolres Srumbung, lajeng dipun priksa perkawisipun. Polisi ugi nimbali tigang tiyang kagem saksi, inggih punika Retno Sulistyowati, Supratana, saha Ginanjar. Saksi punika saking sadherekipun korban.

Wonten ing perkawis punika, boten namung Susana Riningsih ingkang dados korban, ananging kathah tiyang ingkang dipun apusi dening Aan Khunaifi. Gunggungipun arta ingkang dipun asta Aan kirang langkung wonten sedasa milyar rupiyah, arta punika kagunganipun 500 tiyang. Sadherengipun Aan dipun cepeng, piyambakipun mlayu dhateng Kutha Palembang.

“Awalipun kula dipun iming-imingi ndherek nanem saham JIC  amargi bunganipun ageng 6 persen. Kula nabung arta satus yuta, saben wulanipun saged mundhut bunga 6.000.000 rupiyah, menika langkung kathah tinimbang gaji kula saben wulan” miturut Susana Riningsih minangka korban saham JIC.



Dening : Laili Kurnia 'Ainur Rahmah
NIM : 11205244028
News Feature
  1. Iwak Garra Rufa Disebut “Iwak Dhokter”
Djaka Lodang no 40 tanggal 6 Maret 2010, sabtu pon, 20 Mulud 1943 Dal
  1. Pak Ndoko “Cemani” Kagungan Pitik Maneka Rupa
Djaka Lodang no 25 tanggal 21 November 2009, sabtu pon, 28 Dulkaidah 1942 Je
  1. Jaran Kepang (Jathilan) Kesenian Tradisional Kang “Bernuansa Magis”
  2. Djaka Lodang no 25 tanggal 21 November 2009, sabtu pon, 28 Dulkaidah 1942 Je
  3. “Sena Baya” Paguyubane para Pandhemen Sepedha Kuna
Penyebar semangat no 51 tanggal 23 Desember 2006


Straight News
  1. Kudeta ing Niger
Djaka Lodang no 40 tanggal 6 Maret 2010, sabtu pon, 20 Mulud 1943 Dal
  1. Bangkalan Klebon Pil Setan

Penyebar semangat no 51 tanggal 23 Desember 2006
dening Indriyani Safitri
nim. 11205244060
Straight News
Abrasi Segara Kidul

Ombak ageng wonten ing segara kidul dadekaken abrasi wonten ing Depok. Amargi abrasi menika kathah bangunan ingkang risak saha boten saged diagem malih. Kathah tiyang ingkang bakul kelangan papan panggonan kangge bebakulan.
Bantul (23/9) wulan september menika wulan ingkang kathah alangan utamanipun kangge warga ingkang kagungan papan ing pesisir segara kidul. Ombak ageng nyapu segara ing sisih kidul lajeng para warga padha kelangan papan panggenanipun. Kadadeyan menika dadekaken segara ing sisih kidul kinging abrasi. Amarga abrasi wonten ing segara kidul kathah bangunan padha risak. Supados aman, bagunan ingkang risakipun sanget menika dipun singkirake.
Tiyang nelayan ingkang wonten ing Depok menika boten saged pados iwak segara malih amarga ombak ageng ingkang wonten ing segara kidul. Pasar iwak ingkang wonten ing Depok menika pada risak, lajeng boten saged diangge sedaya. Bagunan-bangunan ing sakpinggiring segara kathah ingkang kegeros ombak lajeng boten saged diangge malih.
Papan kangge pasadeyan boten saged diagem malih amarga risak. Pasir pada kegeros ombak lajeng risak. Ananging para plesiran saya kathah, kathah ingkang pada ningali segara kidul. Para plesiran pada pengin ningali segara kidul sawise wonten abrasi amarga ombak gedhe ingkang kadadeyan.
dening Indriyani Safitri
nim. 11205244060

Senin, 23 Desember 2013

News Feature

Tiyang Padha Plesiran Amarga Abrasi


            Amarga abrasi segara kidul tiyang kathah ingkang padha plesiran. Para plesiran pada pengin ningali segara kidul sawise wonten abrasi amarga ombak gedhe ingkang kadadeyan. Ingkang padha plesiran menika saya kathah katimbang saderenge abrasi.
Ombak ageng wonten ing segara kidul dadekaken abrasi wonten ing Depok. Amargi abrasi ing segara kidul menika kathah bangunan ingkang risak saha boten saged diagem malih. Bangunan ingkang sakpinggiring segara menika kedhah diicali amarga saged nyilakani. Kathah tiyang ingkang bakul kelangan papan panggonan kangge bebakulan.

Tiyang nelayan ingkang wonten ing Depok menika boten saged pados iwak segara malih amarga ombak ageng ingkang wonten ing segara kidul. Pasar iwak ingkang wonten ing Depok menika pada risak, lajeng boten saged diangge sedaya. Bagunan-bangunan ing sakpinggiring segara kathah ingkang kegeros ombak lajeng boten saged diangge malih. Bangunan menika kedhah dipunbongkar amargi nyemelangi yen boten dipunbongkar.
            Kathah tiyang ingkang plesiran wonten ing depok menika. Saderengipun wonten abrasi para plesiran wonten mrika padha ningali srengenge njedul lan srengenge ingkang ilang. Ananging sawise abrasi menika lajeng para plesiran menika padha ningali abrasi ing segara menika.
Ombak ageng nyapu segara ing sisih kidul lajeng para warga padha kelangan papan panggenanipun. Kadadeyan menika dadekaken segara ing sisih kidul kinging abrasi. Amarga abrasi wonten ing segara kidul kathah bangunan padha risak. Supados aman, bagunan ingkang risakipun sanget menika dipun singkirake.

Merga abrasi menika, ingkang pasar iwak kedhah dipunngilenaken amerga papan panggonan menika boten saged dianggem dagang malih. Dadose papan ingkang risak menika dipunbongkar supados boten nyilakani dene tiyang ingkang plesiran ingkang wonten segara Depok menika.
dening Indriyani Safitri
nim 11205244060

TEMBANG MACAPAT


Asmaradana, Laras Sléndro Barang Miring

1       2      3     5    5   5    5    5
Kas- ma - ran  la - ku  u - ta- mi

5       1   2   23     1    1        5     65
mar- su- di  mu - rih sam - pur - na

3      2     1      5      3    23   1    2
di - mèn  ke - pé - nak  u - rip - é
  
5      5      5     1      2     3    2   35
na - jan  ma- nung- sa   tan  a - na

3        2   2      2     2     32   1
kang da-tan  dar- bé   ca - cat

5      1     2   2       2   2     23    2
nanging ka- bèh  tin-dak  tan - duk

1   1   1    1       2    2     32    1
i- ku   bi - sa   dèn-ge - gu – lang

Lirik Tembang Macapat Asmarandana :
Kasmaran laku utami
Marsudimurih sampurna
Dimen kepenak uripe
Najan manungsa tan ana
Kang datan darbe cacat
Nanging kabeh tindak tanduk
Iku bisa den gegulang
Sepiku ing tengah wengi
Aku tansah kelingan
Saiki sing tak rasakne
Saya suwe saya cuwa
Aku kur basa pasrah
Kabeh rasamu nggo aku
Ora bisa tak rasakna
Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta
Aja turu soré kaki
Ana Déwa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanané
Isine donga tetulak
Sandhang kelawan pangan
Yaiku bagéyanipun
wong welek sabar narima
Asmaradana utawa Asmarandana iku sawijining jinis tembang macapat. Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Yen dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna , lan dahana kang artine geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.


CAMPUR SARI

Numpak Prau layar


Lirik campursari Prau Layar
Yo kanca neng gisik gembira
alerab-lerab banyuning segara
anggliyak numpak prau layar
ing dina Minggu keh pariwisata
alon praune wis nengah
byah byuh byah banyu binelah
ora jemu jemu karo mesem ngguyu
ngilangake rasa lungkrah lesu
adhik njawil mas jebul wis sore
witing kelapa katon ngawe-awe
prayogane becik bali wae
dene sesuk esuk tumandang nyambut gawe

Artinya:
Mari kawan bergembira ria
berombak-ombak air samudra
pada hari Minggu banyak wisatawan
ramai naik perahu layar
pelanlah perahu sudah menengah
berdeburan air membelah
tiada jemu sambil senyum
menghilangkan rasa lelah
adik bilang telah sore
pohon kelapa tampak melambai
lebih baik kembali dulu
besuk pagi hendak bekerja

Prau Layar ngandhut nilai rekreasi, kanthi wisata sakmenika saged berkarya ingkang trepkaliyan suasana lan serasi, selaras lan seimbang, kanthi simbolik ngandhut teges ingkang nggadahi piwulang inggih menika menawi nglampahi sedaya kagiyatan utawi pakaryan sakmenika boten pareng berlebihan utawi prasaja kemawon, amargi sipat berlebihan ugi malah saged ngrugekne piyambakipun lan sanesipun. Kanthi sipat prasaja sakmenika saged bombong semangat nyambut damel ingkang langkung maksimal
Dening: Dhenok Woro Hapsari (11205244047), PBD Kelas G 2011.