Desa Trunyan
Desa Trunyan inggih menika salah satunggaling desa kuna
ingkang wonten ing sapinggiripun danau Batur, Kintamani, Kabupaten Bangli. Desa
menika awujud desa Bali Aga, Bali Mula. Bali Aga, inggih menika Bali
pegunungan, menawi Bali Mula inggih menika Bali asli. Kauripan wonten ing Bali
Aga kaliyan Bali Mula menika unik ugi menarik. Kabudayan tiyang-tiyang ing desa
Trunyan menika sageda dados cermin pola kabudayan pertanian.
Tiyang-tiyang utawi masyarakat Trunyan ngenalaken
jati diri piyambakipun wonten ing kalih versi. Versi ingkang sepisan inggih
menika tiyang Trunyan menika tiyang Bali Turunan, amargi tiyang menika percaya
menawi leluhur saking tiyang Trunyan menika medhak saking langit wonten ing
bumi Trunyan. Awit saking menika tiyang Trunyan nggadhahi mite utawi dongeng
suci babagan asal-usul masyarakat Trunyan menika awujud Dewi saking langit.
Versi ingkang kaping kalih inggih menika, tiyang Trunyan
gesang wonten ing sistem ekologi awit saking wotenipun wit Taru Menyan, inggih
menika wit ingkang nyebaraken ganda ingkang arum. Saking perpaduan tembung
“taru” kaliyan “menyang dipun kembangaken dados tembung Trunyan ingkang
sakmenika dipun gunakaken kagem nama desa kaliyan wonten ugi dipun ginakaken
dados nama tiyang ing desa kasebat.
Desa Trunyan menika mapan wonten ing sakwetanipun
danau Batur, desa menika terpencil. Dalan ingkang darat saking Penelokan,
Kintamani namung saged dugi desa Kedisan. Saking desa Kedisan dumugi desa
Trunyan masyarakat kedah nyebrang danau Batur kirang langkung 45 menit
migunakaken prau motor utawi 2 jam migunakaken prau lesung ingkang ngagem
dayung. Saliyanipun dalan toya, Trunyan ugi saged dipun lampahi nglewati darat,
menika saged migunakaken dalan nglewati desa Buahan kaliyan Abang.
Cuaca desa Trunyan sejuk sanget, suhunipun piyambak
17 derajat Celcius lan ugi saged mandhap dumugi 12 derajat Celcius. Danau Batur
ingkang ukuranipun 9x5 km menika salah satunggaling sumber toya lan sumber
kauripan agraris masyarakat Bali Selatan kaliyan masyarakat Bali Timur.
Ingkang wonten gegayutanipun kaliyan kepercayaan
tiyang Trunyan babagan penyakit kaliyan kematian, wonten cara khusus pemakaman
masyarakat Trunyan, inggih menika :
1. Jenazah
dipun paringke wonten ig sak nginggilipun lemah lan sangandhapipun hawa ingkang
kebuka ingkang dipun sebat kaliyan istilah mepasah. Masyarakat ingkang dipun
makamaken migunakaken cara mepasah inggih menika tiyang-tiyang ingkang wonten
ing wekdal tilar donyanipun taksih bujang kaliyan bocah alit ingkang gigi
susunipun sampun tugel.
2. Dipunkubur.
Masyarakat ingkang dipun makamaken saklebarioun tilar donya inggih menika
tiyang ingkang cacat badanipun, utawi wonten ing wekdal tilar donya nggadhahi
sakit “luka” ingkang dereng mantun kadosta wonten ing badan penderita cacar,
lepra, lan sakpanunggalanipun. Masyarakat ingkang tilar donya mboten wajar
kadosta dipun pateni lan bunuh diri ugi dipun kubur. Sakmonten ugi bocah alit
ingkang gigi susunipun dereng ical ugi dipun kubur wekdal tilar donya.
Kagem
sakprelunipun pemakaman, desa Trunyan nggadhahi 3 kuburan inggih menika :
1. Sema
wayah dipun ginakaken kagem pemakaman jenis mepasah.
2. Sema
bants, dipun ginakaken kagem penguburan.
3. Sema
nguda, dipunginakaken kagem kekalihipun jenis pemakaman inggih menika mepasah
kaliyan penguburan ingkang nggadhahi syarat masyarakat ingkang dipun kubur
dereng ngancik akhir baligh/dereng dewasa.
Dening : Laili Kurnia 'Ainur Rahmah
NIM : 11205244028
PBD G 2011