Wayan Limbak Lan Kecak
Sinten ingkang boten mangertos tari kecak, tari
ingkang sampun keprungu wonten ing mancanegara. Tari kecak menika satunggaling
tari daerah ingkang kedhah dipunlestatunaken. Tari ingkang saking bali menika
ingkang nari migunakaken kathah tiyang ingkang salajengipun ngendika “cak, cak,
cak”. Tari menika nyariosaken cariyos ramayana, cariyos kethek ingkang nulung
Rama ngempur Rahwana. Tari kecak menika ingkang damel Walter Spies ( tiyang
nglukis saking Jerman) kaliyan Wayan Limbak kinten-kinten taun 1930.
Wayan Limbak ingkang miyos taun 1897 menika ngenalaken tari menika dumugi
mancanegara kaliyan kanca-kanca penarinipun. Tari kecak menika dipunmangertosi
tiyang manca kanthi asebut Monkey Dance. Wayan
Limbak menika kagungan garwa tiga lajeng putranipun sekawan. Saking putra
sekawan menika dados putu 22 lan kagungan buyut 17.
Tari kecak menika dipunpendhet saking ritual
sanghyang, tradisi ingkang tiyangipun boten sadar lajeng matur kaliyan Gusti
Pangeran utawi sesepuh lajeng matur angenipun kekarepan ing warga masarakat.
Sasampunipun dipunkenalaken wonten ing mancanegara menika, tari kecak populer wonten ing turis bali.
Tiyang hindu ingkang kagungan garwa tiga menika seda
tigang dasa setunggal agustus kalih ewu tiga. Sedanipun Wayan Limbak menika
wektu kagungan umur 106 taun. Seniman asal Banjar Binangun, Bedugul, Gianyar
menika seda wonten ing RS Gianyar amargi stroke.
Indriyani Safitri
nim. 11205244060
Tidak ada komentar:
Posting Komentar