Senin, 18 November 2013

Bali Classic Center Nyuguhaken Warisan Budaya Masarakat Bali




Bali Classic Center papanipun inggih wonten ing kawasan Universitas Udayana, Gianyar. Pembangunan Bali Classic Center ingkang dipun rintis wiwit taun 2001, sampun labet dipun uji cobi  wiwit Maret 2005, ananging dipun bikak kangge resmi menika 23 Juli 2005. Bali Classic Center menika jembaripun inggih gangsal hektar. Papan menika sampun dados taman budaya kangge mbiyantu pemerintah Bali nepangaken saha promosi budaya Bali kangge tiyang Indonesia, dunia, saha masarakat Bali piyambak. Menawi badhe ngunjungi papan menika namung nempuh dalan 45 menit saking Denpasar.
Bali Classic Center  menika maringi gambaran kauripan saha kabudayan sabenditenipun masarakat bali. Wonten mriko dipun suguhaken cara ndamelipun utawi ngrangkai janur (banten), cara saha nyobi anggenipun damel sesajen, ngracik bumbu-bumbu masakan Bali, ugi saged ningali cara anggenipun numbuk padi ngagem alat tradisional “lesung” saha cara anggenipun damel minyak klapa Bali, cara anggenipun damel ogoh-ogoh. Bali Classic Center  inggih wonten mawerni-werni jinis tarian bali ingkang saged dipun pirsani, inggih menika tari topeng, tari barong, joged bumbung, foto kaliyan barongan ugi saged.


Wonten ing nginggil menika inggih foto barongan, ogoh-ogoh, gamelan, lajeng foto tiyang ingkang saweg marut inggih badhe damel lenga saking klapa Bali, wonten tiyang ingkang saweg ngrangkai janur inggih ingkang dipunsebat banten, lajeng ingkang pungkasan inggih tiyang numbuk pari kanthi tradisional ngangge pranti “Lesung” ingkang dipun tumbuki “Luwu” saha proses numbuk pari menika wonten ing Bali sakmenika sampun mboten wonten, amarga sampun ngginakaken teknologi nyosoh beras.
Dados papan wisata Bali Classic Center menika saged dados papan wisata  ingkang nyediakaken warisan seni budaya, inggih ngandhut tradisi kauripan masarakat ingkang sakmenika sampun dipun tinggalaken. Lajeng sedaya kauripan tradisional masarakat Bali badhe dipun peragakaken saben dintenipun wonten ing Bali Classic Center, inggih kados maneka warna jinis kesenian.

Dening: Vika Oktaviani (11205244035), PBD Kelas G 2011.

Jumat, 08 November 2013

Wayan Limbak Lan Kecak
Sinten ingkang boten mangertos tari kecak, tari ingkang sampun keprungu wonten ing mancanegara. Tari kecak menika satunggaling tari daerah ingkang kedhah dipunlestatunaken. Tari ingkang saking bali menika ingkang nari migunakaken kathah tiyang ingkang salajengipun ngendika “cak, cak, cak”. Tari menika nyariosaken cariyos ramayana, cariyos kethek ingkang nulung Rama ngempur Rahwana. Tari kecak menika ingkang damel Walter Spies ( tiyang nglukis saking Jerman) kaliyan Wayan Limbak kinten-kinten taun 1930.

Wayan Limbak ingkang miyos taun  1897 menika ngenalaken tari menika dumugi mancanegara kaliyan kanca-kanca penarinipun. Tari kecak menika dipunmangertosi tiyang manca kanthi asebut Monkey Dance. Wayan Limbak menika kagungan garwa tiga lajeng putranipun sekawan. Saking putra sekawan menika dados putu 22 lan kagungan buyut 17.
Tari kecak menika dipunpendhet saking ritual sanghyang, tradisi ingkang tiyangipun boten sadar lajeng matur kaliyan Gusti Pangeran utawi sesepuh lajeng matur angenipun kekarepan ing warga masarakat. Sasampunipun dipunkenalaken wonten ing mancanegara menika, tari kecak populer wonten ing turis bali.

Tiyang hindu ingkang kagungan garwa tiga menika seda tigang dasa setunggal agustus kalih ewu tiga. Sedanipun Wayan Limbak menika wektu kagungan umur 106 taun. Seniman asal Banjar Binangun, Bedugul, Gianyar menika seda wonten ing RS Gianyar amargi stroke.
Indriyani Safitri
nim. 11205244060